Sesorah yaiku medharake gagasan kanthi
lisan ing sangarepe wong akeh.
Rantamaning sesorah :
1.
Salam Pambuka
Ngaturaken salam ingkang sepindah marang para
rawuh.(manut kapitadosan saha swasananipun).
2.
Purwaka
Atur syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha
Agung lan atur panuwun marang para rawuh.
3.
Isi/wos sesorah
Isinipun bab utawa perkawis ingkang
dipunwedharaken.
4.
Dudutan (simpulan)
Inti sarining bab bab ingkang sampun
diwedharaken.
5.
Wasana (penutup)
Atur panuwun saha atur pangapunten anggenipun
nampa tamu utawa wonten tetembungan ingkang kirang becik.
Metode-metode sesorah :
1.
Metode Apalan
Sesorah ingkang ditindakaken kanthi apalan,
nanging saderengipun sampun damel seratan sesorah.Cara menika asring
dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe ajar.
2.
Metode Naskah
Sesorah ingkang ditindakaken kanthi waos
sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipunginakaken dening
pejabat ing adicara-adicara resmi.
3.
Metode Ekstemporan
Sesorah ingkang ditindakaken kanthi ngasta
utawi damel cathetan alit minangka pangemut-emut urutaning ingkang badeh dipun
ngendikakaken. Cara menika asring dipunginakaken dening tiyang ingkang prigel
sesorah.
4. Metode Impromtu (dadakan)
Sesorah ingkang ditindakaken kanthi dadakan
utawa spontan. Cara menika asring dipunginakaken dening tiyang ingkang sampun
trampil ing pamicara saha kathah pengalamanipun.
Jinis –jinising sesorah :
1.
Miturut ancase (tujuan) :
a. Menehi informasi / pemanggih
b. Menehi panglipur
c. Kangge pangajak-ajak
2.
Miturut kahanane sesorah :
a. Sesorah resmi
b. Sesorah setengah resmi
c. Sesorah mboten resmi
3.
Miturut pendekatan isinipun sesorah :
a. Sesorah intelektual
b. Sesorah moral
Tuladha Sesorah
PENGETAN DINTEN KARTINI
Sugeng Enjeng,
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula
tresnani.
Sumangga kita ngaturaken puji lan
syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmatipun
kagem kita sedoyo wontening pengetan Dinten Kartini.
Raden Ajeng Kartini lair ing Jepara,
Jawa Tengah,surya 21 April 1879. Nalika jamanipun Raden Ajeng Kartini menika,
para wanita mboten ngadahi kabebasan kangge srawung dateng masyarakat umumipun.
Para wanita dipun anggep mboten ngadahi
drajad kados dene kakung, mila lajeng dipun wastani kanca wingking.
Perkawis menika dados kaprihatosannipun Raden Ajeng Kartini, mila lajeng
ngadahi reka daya murih wanita ngadahi hak ingkang sami kaliyan kakung, sinaosa
mboten nilar khodratipun minangka wanita, kanthi ngawonten pawiyatan kagem para
wanita. Kanthi pawiyatan kala wau, ing pangajab saget ngadahi kaprigelan,
wawasan ingkang saget mbiantu dateng kridanipun para kakung, kagem ngayuh
kamardikan.
Namung dereng ngantos dumugi pawiyatan
inggil, Raden Ajeng Kartini tutup yuswa nalika tanggal 17 September 1904,
pinaringan yuswa 25 taun. Namung cita-citanipun Raden Ajeng Kartini tetep dados
cikal bakal gumigrahipun para wanita, kagem nglajengaken perjuangannipun Raden
Ajeng Kartini, kasunyatan cita-cita ingkang luhur menika saged dipun rasakaken
ing jaman sakmenika, kathah para wanita ingkang sampun ngadahi drajad pangkat
pendidikan ingkang sami kaliyan kakung, kathah wanita ingkang ngadahi titel
sarjana, wonten ingkang dados menteri, wonten polwan, wonten perangkat desa,
kepara dados presiden, lan sanes-sanesipun.
Mila perjuanganipun Raden Ajeng Kartini
sumangga kita lajengaken murih saged dados wanita ingkang mandiri nanging
mboten nilar khodratipun wanita.
Mekaten
atur kula, menawa wonten kirang langkungipun, nyuwun pangapunten.
Matur
Nuwun.
Sugeng
Enjeng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar