Cerkak utawa cerita cekak yaiku karangan
fiktif kang isinipun ringkes, padhet lan mboten mbutuhake wektu suwe anggenipun
waos.
Unsur-unsur cerkak :
1. Unsur Intrinsik
a. Tema
Ide pokok pikiran cerkak.
b. Latar (setting)
Panggenan, wekdal, lan swasana ing salebetipun cerkak.
Kaperang dados 3 :
1.
Latar papan
2.
Latar wekdal
3.
Latar swasana
c. Paraga
Cara pengarang nggambaraken watak para paraga ing salebeting
cariyos.
Kaperang dados 3 :
1.
Protagonis : watak becik
2.
Antagonis : watak ala
3.
Tritagonis : paraga penengah
d. Alur (plot)
Reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Kaperang dados 3 :
1.
Alur maju
2.
Alur mundur
3.
Alur campuran
e. Sudut pandang
Kalenggahanipun penyerat rikala nyariyosaken.
Kaperang dados 2 :
1.
Sudut pandang tiyang kapisan : aku, kula
2.
Sudut pandang tiyang katiga : ngangge asmanipun tiyang
f. Nilai/Amanat/Budi Pekerti
Piwulang ingkang badhe kaaturaken dening pengarang dhateng
soksintena ingkang waos.
g. Prastawa
Kaperang dados 5 :
1.
Pengantar
Pengenalan paraga lan kadadosan ing wiwitanipun cariyos.
2.
Wiwitaning prekawis
Peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang
dipunahepi.
3.
Klimaks
Prekawis ingkang minangka undering cariyos.
4.
Antiklimaks
Prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi.
5.
Resolusi
Prekawis sampun saged dirampungaken.
2. Unsur Ekstrinsik
a.
Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik,
ekonomi).
b.
Latar belakang gesangipun pengarang.
c.
Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Tuladha
Sawah
Srengenge
durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang.
Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalke anak-anake sing isih
cilik-cilik, pating cruit nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek
ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe
pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendong tenggok munjung-munjung isi
dagangan.
Kabeh
padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok
kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang
sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip
amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias
tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu
kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput,
Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep
njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa
nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan
niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten
ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek
nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah
Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah mbales,"
wong loro terus padha ngguyu.
Tekan
sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari
sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg
terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo
pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan
lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran,
weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan
rumiyin, Pak!" "Kene nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk
terus je!" "Wau sak derenge tindak kapurih sarapan riyin mboten
purun, wong nggih sampun mateng sedanten." "Mangan kuwi paling enak
ki nek wis luwe ngene kiyi!"
Mbah
Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis
sepuh isih katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare ya
akeh tenan.
Bar
dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri
kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun
kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen
bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung rampung wis
dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae,
dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek
wong-wong ora udud, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako
ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka
rokok kuwi paling gedhe nduk? Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah
ta?" "Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune
mang raoske piyambak!" Suminah katon mrengut.
Ora let
suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon
numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus
nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus
pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon
marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan
nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun
golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah
wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!"
Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh
keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.
"Sabar
riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun
kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin,
jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto,
kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki."
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula!
Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu. "Ngeten
mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate,
kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni
perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing
dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep
mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso
sing umure sak barakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing
kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka kepolisian
sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.
Ora let
suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong
lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso,
nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi.
Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing nggawa stopmap
pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.
Wong-wong
mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung
domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake
rembukan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng.
"Pripun,
Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit
tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen
kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget. "Ngeten nggih, Mbah.
Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan
sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!"
pawongan wadon mau menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?"
wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging
kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak!
Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar