Rabu, 31 Mei 2017

Kawruh Gamelan

Kawruh Gamelan
Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan. 
Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).
1.
KENDHANG AGENG
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
2.
KENDHANG KETIPUNG
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
3.
KENDHANG CIBLON
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
4.
Kendhang Wayangan

Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.


2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.
Gender

Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.

Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.
Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.
Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.
Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.


3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.


1.

Slentho

Cara nabuhipun dithuthuk.
2.

Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.

Kecer

Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.


 4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.

Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.
Bonang Penerus

3.
Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.
Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.
Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.
Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.
Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.


Gong Suwukan


Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.

5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.
Rebab

Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.

Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.

3.
Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.


6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.

Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.
Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
SUMBER : LKS BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER 2

http://fridhaauliasari1d.blogspot.co.id/2017/05/uyon-uyon.html

Uyon - Uyon

Uyon-Uyon

     Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’ .

     Unining  gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon.
     Lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.

     Soran utawa ‘instrumental’: inggih punika ingkang cara nabuhipun ‘sora’, ngginakaken ricikan/instrunent: Bong Manggala, Demung, Ricik, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang.

      Gendhang Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus awujud: Gendher, Rebab, Slenthem, Siter,Gambang, Suling, Kethuk/Kenong, Kempul/Gong saha Kendhang minangka pamurba irama.

KASUSASTRAN KANG TINEMU ING GENDHING :
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing. 

Tuladha Uyon-Uyon :
Lelagon Pangatag



Kapetik saking : http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/2012/05/uyon-uyon.html

Kamis, 25 Mei 2017

Pawartos

Tuladha

Teror Bom Jakarta
Kapolda Metro Jaya Irjen Pol Tito Karnavian jero temu pers neng Istana Merdeka Jakarta, Kamis sore 14 Januari 2016, nggamblangke ngenani kronologis teror bom neng kawasan dalan MH Thamrin Jakarta Pusat.
Miturut Kapolda, kadadean sekitar jam 10.50-10.55 WIB. Kedadean kontak senjata karo anggota Polda Metro Jaya, ning banjur situasi bisa dikuwasani jero wayah sekitar 20 tekan 30 menit.
Kadadean-kedadean diawali neng Starbucks Cafe yaiku mlebune siji wong pamayu lan diawali kanthi ledakan bom bunuh diri.
Aksi kuwi ngakibatake anane korban tatu-tatu lan keweden, banjur pengunjung cafe sing wektu kuwi ana, metu kabeh saka gedung Sarinah.
"Jebulna neng njaba kafe wis ana loro wong meneh teroris sing nunggu, lan nglakoke pambedhilan marang wong loro ugo, salah sijine WNA warga Kanada sing tilar donya.
Tito nambahke nang wektu den samya, ana loro wong sing nyerang pos polisi neng Simpang Sarinah. Wektu kuwi ana siji wong anggota Polsek Menteng sing lagi tugas neng kana. Pos polisi diserang nganggo bom bunuh diri sing ngakibatke anggota polisi sing lagi tugas tatu, sementara pamayune mati.
Wektu kuwi, ana siji warga uga sing kena pecahan ledakan lan tilar donya. Nang wektu kuwi uga ana tim saka personel Polda Metro Jaya sing arep nglakoni pengamanan demonstrasi neng Monas dipanggedheni saka Kabiro Operasi.
"Wektu kuwi pas lagi ana neng kono banjur mandheg, lan banjur krungu ledakan, anggota polisi sing ana neng ngarep panggon kedadean banjur mudun lan diserang nggunakne bedhil ugo lemparan bom rakitan," gamblange.
Banjur kedadean tembak-tembakan, anggota Polsek sing ana neng sekitar Sarinah lan neng dalan sing ana neng sekitar Sarinah ngewangi dadine ana papat anggota kepolisian Polres Jakarta pusat sing ketembak nang sikil lan weteng.
"Pamayu kedadeyan bisa dilumpuhkan jero kontak bedhil sekitar 15 menit. Loro pamayu kedadeyan dibedhil, banjur situasi wis dikuwasani jero wayah kurang luwih 20-25 menit," turene.
Sakwise nguwasani lokasi, polisi banjur nglakoni penyisiran neng TKP, neng Starbucks arepa Pos polisi nuli samping dalan MH Thamrin.
"Awake dhewe ngundang Brimob lan Pasukan Sabhara saka Polres lan Polsek sing uga saka Kodam Jaya nglakoke pangepungan, kanggo mestekake bokmenawa iseh ana pamayu sing liya," turene.
Sakwise kuwi Polda Metro Jaya nglakoke clearing device kanggo mitaya ke menawa ora ana meneh bom liya.
Nang wektu clearing device ana meneh ditemokake enem (6) bom, 5 bom cilik sagedhe kepelan tangan nduwe bentuk granat tangan rakitan, lan siji meneh bom sing lumayan gedhe sagedhe tempolong roti.
"Dadi kabeh ana enem (6) sing diamanke. Banjur saka pamayu sing mati kuwi uga disita siji bedhil sawarna FN rakitan," tembung Tito.
Dheweke nuturake sakwise olah TKP neng dalan Thamrin buyar, banjur pihake mbukak dalan MH Thamrin sing sempat ditutup saka kapindho arah.



Cerkak

Cerkak utawa cerita cekak yaiku karangan fiktif kang isinipun ringkes, padhet lan mboten mbutuhake wektu suwe anggenipun waos.

Unsur-unsur cerkak :
1.     Unsur Intrinsik
a.    Tema
Ide pokok pikiran cerkak.
b.    Latar (setting)
Panggenan, wekdal, lan swasana ing salebetipun cerkak.
Kaperang dados 3 :
1.     Latar papan
2.    Latar wekdal
3.    Latar swasana
c.    Paraga
Cara pengarang nggambaraken watak para paraga ing salebeting cariyos.
Kaperang dados 3 :
1.     Protagonis : watak becik
2.    Antagonis : watak ala
3.    Tritagonis : paraga penengah
d.    Alur (plot)
Reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Kaperang dados 3 :
1.     Alur maju
2.    Alur mundur
3.    Alur campuran
e.    Sudut pandang
Kalenggahanipun penyerat rikala nyariyosaken.
Kaperang dados 2 :
1.     Sudut pandang tiyang kapisan : aku, kula
2.    Sudut pandang tiyang katiga : ngangge asmanipun tiyang
f.    Nilai/Amanat/Budi Pekerti
Piwulang ingkang badhe kaaturaken dening pengarang dhateng soksintena ingkang waos.
g.    Prastawa
Kaperang dados 5 :
1.     Pengantar
Pengenalan paraga lan kadadosan ing wiwitanipun cariyos.
2.    Wiwitaning prekawis
Peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunahepi.
3.    Klimaks
Prekawis ingkang minangka undering cariyos.
4.    Antiklimaks
Prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi.
5.    Resolusi
Prekawis sampun saged dirampungaken.

2.    Unsur Ekstrinsik
a.      Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi).
b.     Latar belakang gesangipun pengarang.
c.      Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.


Tuladha
Sawah

Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalke anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendong tenggok munjung-munjung isi dagangan.

Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.

Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.

Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!" "Wau sak derenge tindak kapurih sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten." "Mangan kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan.

Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek wong-wong ora udud, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe nduk? Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah ta?" "Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune mang raoske piyambak!" Suminah katon mrengut.

Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.

"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu. "Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso sing umure sak barakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.

Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi. Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing nggawa stopmap pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.

Wong-wong mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake rembukan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng.
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.


Kawruh Gamelan

Kawruh Gamelan Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali ...